Diberdayakan oleh Blogger.

My Blog List

Home » »

Written By Unknown on Selasa, 25 Maret 2014 | 06.26

Ora bersyukur
 
      Jenengku Nur Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun, kelas XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.

     Nalika aku SMP aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake duwe kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat olahraga apa wae.

     Aku uga meri marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing utawa Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu guruku sing kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake Komputer-komputer sing ana ing Laboratorium Komputer ing 

sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend  ing kelasku, HP uga ngetrend pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi utawa touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane mulai 1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena disambungake marang internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan lan bisa sekolah wae wis luwih teka cukup.

     Aku iya sempet ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi sing apik-apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak Indah.

    Aku mulai sadar yen aku duwe kalebihan  wektu sewiji dina aku mulih sekolah.Aku mlayu menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas kosong.Aku eling yen wektu aku ndelok internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy lan duwit  Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga entuk pembinaan saka Pembina teka SMP Bakti Oetomo Jakarta.Hadiah sing ditawanake uga marai aku seneng lan kepingin melu partisipasi ing lomba kuwi.Aku iseng nulis cerpen gawe melu Lomba kasebut.Akhire, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe sing kajudul ‘’Mimpi’’.Cerpen kuwi dakgawe s isine kuwi ana bocah sing jenenge April sing anduweni mimpi dhuwur lan kepingin nggayuh mimpi sing duwur kasebut tapi ora isa jalaran ora ana bandane.Lan sesuk e ing sekolah, aku jaluk tolong gaweno E-mail utawa surat elektronik marang kancaku.Maklum, aku iki bocah Gaptek utawa gagap teknologi.Sawise mari gawe alamat E-mail sing dak pengeni, banjur tak kirimno marang alamat e-mail panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi.Kurang luwih seminggu aku ngenteni pengumuman pemenang lomba kuwi, akhire ing dina minggu aku disms kancaku yen aku dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat Kabupaten kuwi.Aku kaget, seneng tur bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba kasebut.Banjur dak kandakake marang ibu lan bapak yen ak berhasil menang ing lomba kuwi.Wong tuwaku bangga marang aku.Aku seneng banget yen ngerti tanggepan wong tuwaku positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi.Saka lomba kuwi, aku entuk duwit Rp 500.000,00.Aku seneng amarga saka hobi anyarku nulis mau, aku isa ngasilake duwit kanggo mbayari sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.

     Sakjege peristiwa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu kosong, aku mesti nulis cerpen.Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.Akhire, banjur aku dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerpen.Piala pertama sing dakoleh wektu lomba nulis cerpen remaja kuwi dakseleh ing kamar.Akhire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan Bahasa.Alasanku arep milih  jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa khusus e nulis.Saka hobi nulisku iki, aku duwene cita’’ dadi guru Bahasa Indonesia utawa penulis cerpen utawa novel terkenal sok mben.Aku bangga marang awakku dewe.Aku isa mbuktina marang wong liya, yen kemiskinan ora penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.

0 komentar :

Posting Komentar